Percakapan Tentang Linux Pasar Legi, Minggu Jam Enam Pagi


Suparmi : Weeee yu Jiyem, neng ngendi wae kok wis suwe ora ketok

Parjiyem : Eeeeeee Parmi tho iki, waduh soyo mundak ayu

Suparmi yu Jiyem : neng koran-koran kae wong-wong kok dho ngomong Linak Linuk ki opo tho kuwi. Terus jarene Linuk-i ono sing jenenge Usus Buntu, Kenthus, Susi, Genthoo, yo ? Nek sing jenenge Maling ono pora ?

Parjiyem : Lucu tenan kowe ki nduk. Ngene-ngene, saiki kowe nganggo komputer opo ?

Suparmi : Celeron yu.

Parjiyem : Operating System-e ?

Suparmi : 98.

Parjiyem : Ooooo Microsoft Windows 98 yo. Ngene Linux iku koyo 98 kuwi. Nah Linux kuwi sak jane mung bagian inti soko Sistem Operasi, jenenge Kernel. Tanggung jawabe kernel, yo iku nangani hubungan antarane hardware lan software. Nah koyo Word, Corel, Visual Basic lan liyo liyane sing marak ake gaweyan ndak rampung kae, dilakoake neng ndhuwure kernel mau. Kuwi jenenge distribusi, istilah londone Distro. Kan ngene Yem, aku karo kowe ki nduweni kesenengan dhewe-dhewe, wong liyo yo edo meneh tho. Lha distro kuwi mau akeh jenis-e. Jeneng-jeneng sing terkenal koyo tho Ubuntu, CentOs, Suse, Gentoo, sing koyo mbok kandake mau.

Suparmi Piye : karepe kuwi ? Mbok sing rodo cetho tho yu.

Parjiyem : Kowe masak opo dino iki ?

Suparmi : Thengkleng yu.

Parjiyem : Nek aku oblok-oblok godong kates. Nha awake dhewe wae rak wis bedho tho. Lha menungso kuwi, pisan meneh yo bedo bedo. Contone nek ono uwong sing durung tau nganggo Linux, opo malah sing lagi wae kenalan karo komputer, rak dhewe-e nduwe pengare-arep nek komputer ki ora angel-angel nganggone. Lha nek sing model koyo kowe wis ahli, nganggo komputer karo masak wae kan wis iso. Nah apike Linux kuwi iso dienggo karo sing isih ajaran, lah sing wis ahli koyo kowe.

Suparmi Yu Jiyem-i : ahli piye, buktine tokak-takok wae neng sampeyan. Oooo dadi tergantung wong-e yo yu yo.

Parjiyem : Lho wis mudheng tho, pinter tenan kowe cah ayu. Ngene Mi, misale kowe sekolah neng Gudang-e Pakar Komputer, alias mahasiswa komputer. Kowe rak pengin iso mudheng piye sih mlakune Sistem Operasi kuwi. Neng njerone kuwi piye nek ngonak-ngonok-ke. Lha wong sing koyo ngene iki apike iso nggawe Distro Linux dhewe. Ono proyek jenengen Linux From Scratch sing ngajari piye carane nggawe Distro Linux kuwi mau. Ono Distro Linux sing ngelayani koyo ngene iki yoan, jenegen Gentoo.

Suparmi : Yu aku rak ora anggota Gudang-e Pakar Komputer, aku ki Pakare Gudang Komputer, alias mung tukang resik-resik gudang. Mosok yo nganggo sing angel-angel ?

Parjiyem : Nek kanggo sing ngaku ora ahli utowo lagi anyaran, ono Distro-Distro sing wis nganggo GUI koyo 98-mu. Dadi mung kari ngeklak karo ngeklik. O iya, garis besar-e sakjane Linux iku iso digolongke nganggo Package Management sing didukung. Package Manager ki podo karo setup neng sing kanggo nginstall 98 kae lho. Sing mandegani ono loro. Package deb lan rpm. Deb iku singkatan soko Debian lan rpm iku RedHat Package Manager. Akeh-akehe Distro Linux ki melu cah loro kuwi mau. Nek Deb bolone Ubuntu, Freespire, Debian dhewe. Rpm bolone RedHat, Mandriva, Suse. Nek kowe pengin iso enak nginstal nganggoo koyo Ubuntu, Fedora, Debian lal liyo liyane, tapi ora iso kanggo nglakokake mp3, quicktime lan liyo liyane.

Suparmi : Lho nggak gaul dong Yu ?

Parjiyem : Lho kowe iso bahasa Indonesia tho. Ngene carane kowe donlot wae codec terus mbok install wae nek linux-mu. Contone aku nganggo mplayer kanggo mp3-ku.

Suparmi : Yu ono ra Linux sing nek diinstall langsung iso nganggo mp3 ?

Parjiyem : Yo ono thoooo. Contone Linspire lan Xandros, tapi kow kudu tuku.

Suparmi : Nek aku ameh nganggo Linux nggo server piye yu ?

Parjiyem : Yen kowe ameh nganggo Linux sing server, lha kuwi arti tampilane dadi ora patek apik, boso komputere GUI-ne dadi ora kanggo. Apik-e kowe nganggo Debian wae. Debian ki ngusahake banget neng keamanan lah nenggone sing dho nganggo Linux akeh dhew sing nganggo. Tapi kowe yo iso njajal RedHat utowo Suse yoan. Terus meneh yen Debian kuwi Distro sing iso dienggo neng kompuer liyane x86/IA32, koyo tho Intel 64 bit, AMD 64 bit lan Power PC, lagian Debian kuwi ora diduweki karo organisasi opo wae, alias ora ono sing nduweni. Dheweke uripe soko sumbangan lan uwong-uwong sing gelem ngewangi jiwo lan rogo wae.

Suparmi : Lha yu, neng nggo naku ki isih akeh komputer sing nganggo memory mung 32 mega ki terus ora iso no nganggo Linux ?!

Parjiyem : Ono kok Distro sing khusus kanggo komputer-komputer sing memori-ne cuwiluik, yo kuwi Damn Small Linux, liyane ono sing jenenge Puppy Linux. Malahan Damn Small Linux ki ukurane neng harddisk iku mung 50 mega.

Suparmi : Mosok tho yu ?!! Waduh tambah penasaran aku, dadi pengen nyoba sing kuwi mau.

Parjiyem : Lho sing luuuuuuwih cuilik maneh ono, iso dilakok-ake mung nganggo disktet, jenenge TOMSRTBT. Iso dienggo nggolek-i masalah neng komputer barang.

Suparmi : Kok iso akeh tur macem-macem yo yu ?

Parjiyem : Amargo Linux ki kode program-e oleh diduweni karo sopo wae. Nek sak umpomo ora ngono yo sopo sing ameh ndukung. Nek dijumblah kabeh ono atusan kok.

Suparmi : Lho yu lha nek sing pothet-pothet nganggone Linux opo ?

Parjiyem : Weh weh weh, lagi wae krungu wis langsung pengin dadi pothet. Biasane Slackware utowo Gentoo, sing disenengi sing dho pothet kae. Slackware kuwi formate bedo, jenenge TGZ. Akeh yoan sing seneng karo Slack ware nanging distro iki oran cocok kanggone sing lagi mulai belajar.

Suparmi : Lha nek jumlah-e atusan kok yo ono sing ora kesuwur no yu ?

Parjiyem : Yo mesthi tho. Sakjane sing terkenal ki durung mesthi sing apik. Tapi coba bayangno ngene RedHat lan Novell ding nduwe Suse, kuwi perusahaan sing guwedhe buwanget. Duwite wah wis sak entek-enteke ongko duwe. Nah sing koyo ngono kuwi iso terkenal amargo iso mbayar iklan, ngeneke ijazah kanggo sing wis rodo iso. Ono Disto-distro sing terkenal amargo krentege sing sosial lan digratiske kowo howo sing awake dhewe nggo ambegan, koyo tho Debian lan Ubuntu. Dadi sakjane ora ono Distro sing iso diarani paling apik. Tergantung karo pengine sing nganggo piye ?

Suparmi : Wis mudheng aku saiki. Matur sembah nuwun yo yu. Bejo kemayangan pancen nduwe mbakyu pinter koyo sampeyan ki. Si Adi saiki wis kelas piro ?

Parjiyem : Si adi wis kelas 3 esde nek bayu teka nol gedhe. Lha kowe kapan ? Isih karo Agung ?

Suparmi : Wah it’s complicated kok yu. Agung ki wis masa lalu. Bar kuwi ono meneh kok yu.

Parjiyem : Sopo jenenge ? Cah ngendi ?

Suparmi : Tapi yo wis masa lalu kok yu.

Parjiyem : Tapi rak isih tho ?

Suparmi : Isih no yu !.

Parjiyem : Isih opo tho ?

Suparmi : Ha.. ha.. ha.. ha.. ha.. Wis yo yu selak dienteni iki. Suk mben disambung meneh yo. Maturnuwun tenan iki.

Parjiyem : Yo podo-podo.

Suparmi dan Parjiyem : sudah pasti tokoh fiktif, mengambil panggung kejadian di pasar legi dengan harapan bahwa suatu hari memang akan terjadi obrolan berbau teknologi informasi di pasar induk terbesar di karesidenan surakarta.

diAdaptasi dari
sini

Sumber : Catatan Nanung Nur Zula

raditeputut

Blogger dengan kerja sambilan Designer Freelancer.

6 comments:

Anonymous said...

Huahahaha! ;)

Anonymous said...

wkwkwkwkkwkwkkwk (lmao)

Deny Septiana Anggreani said...

njawani tenan wkwkwkwkwkwk

raditeputut said...

pasti lah pokoke mantap tenan iki gunemane (lmao)

Wisu said...

oalah... Parmi...

Dhita Arya said...

asli rasa jawa, mantab ceritane